Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Pembukaan Acara Bazar

Pidato Bahasa Jawa Kegiatan Bazar - Dalam acara tertentu terkadang kita sering kali melihat atau menjumpai acara bazar yang diselenggarakan oleh pihak-pihak panitia bazar, tentu mengadakan suatu acara atau kegiatan bazar tidaklah mudah, karena harus memikat perhatian para peminat dan pengunjung.

Untuk itu pada kesempatan kali ini saya akan memberikan contoh naskah pidato bahasa jawa tentang pembukaan bazar, semoga dengan adanya contoh naskah pidato ini baik panitia maupun penyelenggara acara bazar dapat terealisasikan keinginan dan harapannya melalui acara bazar tersebut. Berikut adalah contoh pidanya :

Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Pembukaan Kegiatan Bazar

Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Pembukaan Kegiatan Bazar

Pembukaan Pidato Bazar Bahasa Jawa :


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun, Bapak Kepala Desa ingkang kinurmatan. Bapak Ibu para rawuh ingkang kula hormati. Para kadang mudha-mudhi ingkang tansah minulya.

Raos syukur sumangga tansah kita aturaken dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Dene kula panjenengan sedaya saged rawuh ing acara bazar ingkang dipun wontenaken dening pakempalan mudha-mudhi dhusun (....) menika kanthi wilujeng niring sambekala.

Kula minangka ketua panitia acara bazar menika, ngaturaken agungin pinuwun dhumateng para warga ingkang sampun kersa rawuh ing acara menika. Ugi dhumateng para kanca saha para warga ingkang sampun paring pambiyantu awujud menapa kemawon. Saengga acara bazar ing wekdal menika saged kalampahan kanthi sae.
Mugi-mugi sedaya pambiyantu panjenengan sedaya pikantuk piwales saking Gusti Allah SWT, acara bazar saged lumampah kanthi sae tanpa alangan satungal menapa, trep kaliyan gegadhan kita sedaya.

Isi Pidato Bazar Bahasa Jawa :


Para rawuh ingkang minulya.
Bazar ingkang dipun wontenaken dhateng mudha-mudhi menika gadhah ancar kangge ngempalaken dana. Ing semangke dana kasebat badhe kangge pembangunan lan kemajenganing dhusun menika. Pramila Bapak, Ibu saha para sadherek, kepareng paring pambiyantu kanthi mundhut barang-barang ingkang sampun kacepakaken kanthi regi ingkang mboten awis. Para rawuh ingkang sami mundhut, kejawi pikantuk barang-barang ugi pambiyantu kemanjenganing dhusun, pramila acara bazar ing wekdal menika dipun bikak dening Bapak Kepala Desa (....) sumangga barang-barang ingkang kagelar, dipun pirsani lan menawi wonten ingkang cocok lajeng dipun pundhut sukur bage kaborong sedaya.
Penutup Pidato Bazar Bahasa Jawa :

Ing wasana, mboten kesupen panitia nyuwun agunging pangapunten, menawi anggenipun ngawontenaken bazar menika kathah kekiranganipun utawi kirang nuju prana penggalih panjenengan sedaya. Saking kula pribadhi menawi wonten kalepatan atur saha tindak-tanduk, kula nyuwun pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Demikianlah contoh pidato bahasa jawa pembukaan acara bazar yang dapat saya bagikan kepada sahabat, semoga dengan adanya contoh pidato bahasa jawa ini acara bazar yang akan dilaksanakan bermanfaat dan dapat mengundang perhatian di kalangan masyarakat serta dapat berlangsung dan berjalan dengan baik saat acara bazar.

0 Response to Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Pembukaan Acara Bazar

Posting Komentar